Sumamburat Bang Bang Wetan Lyrics



Lyrics:

Sumamburat bang-bang wétan
Kålåwanci kang pinêsthi
Sêdåyå pêparingé gusti
Solah tingkah munå muni
Tindak tanduk kang nyawiji
Linambaran agåmå ageming aji

Ånå urip ånå mati
Padhang pêtêng kang wis mêsthi
Bungah susah iku pêparingé gusti
Ngupåyå lan pamarsudi
Kanthi tulusing ati
Pådhå nggayuh wahyuning ilahi

Sun ngidung têngah wêngi
Konjuk ngarsaning gusti
Kang nyiptå jagad iki
Kang ngrêkså jiwå iki
Sun ngidung wayah wêngi
Nyuwun agunging pangaksami
Lêpat lan doså niki
Panjênêngan ampuni
Kang bêcik tinuladå
Kang ålå singkirånå
Ngunduh wohing pakarti
Tan biså diwiradati
Bêbudèn kang utåmå



[lyrics was taken from http://www.lyrics.my/artists/ardia-diwang-probowati/lyrics/sumamburat-bang-bang-wetan] Sêntoså jiwå rågå
Wêlas asihé padukå
Tinebih såkå rubédå

*
Ånå urip ånå mati
Padhang pêtêng kang wis mêsthi
Bungah susah iku pêparingé gusti
Ngupåyå lan pamarsudi
Kanthi tulusing ati
Pådhå nggayuh wahyuning ilahi

**
Sun ngidung têngah wêngi
Konjuk ngarsaning gusti
Kang nyiptå jagad iki
Kang ngrêkså jiwå iki
Sun ngidung wayah wêngi
Nyuwun agunging pangaksami
Lêpat lan doså niki
Panjênêngan ampuni
Kang bêcik tinuladå
Kang ålå singkirånå
Ngunduh wohing pakarti
Tan biså diwiradati
Bêbudèn kang utåmå
Sêntoså jiwå rågå
Wêlas asihé padukå
Tinebih såkå rubédå